Ijin ndan

Sabtu, 14 Mei 2016

Tuladha ature pambiwara ana ing Pahargyan

Tuladha ature pambiwara ana ing Pahargyan prasaja kang ora migunakake tatacara panggih
Tembung-tembung kang kagunakake nganggo basa jawa kang prasaja.

BISSMILLAHI RAHMANIRRAHIM

Assalamualaikum warahmatullahi
Kawula Nuwun

Para sesepuh, para pinisepuh ingkang dahat kinabekten
Para bapak, para ibu saha para tamu sinedhahan ingkang satuhu kinurmatan
Sumrambahipun para kadang mitra sutrisna, ingkang kinurmatan ugi

Nuwun, mugi wonten kepareng panjenengan sadaya, keparengna kula sumela atur, ingkang ngirangi raos sekeca panjenengan sadaya ingakang nembe wawan pangandikan, inggih awit nuhoni panyuwunipun bapa ...(nama bapa/ibu penganten putri)... sakulawarga, ingkang saperlu ngaturaken menggah lampah-lampahipun tatacara pahargyan/pawiwahan*, ingkang badhe katindakaken wonten ing dinten punika, dinten ..., surya kaping ..., wulan ..., tahun ...,

Hananging saderengipun kula nglajengaken atur, mangga panjenengan kula ndherekaken ngunjukaken dongo pamuji mring ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Kawasa, inggih awit peparingipun sih wilasa saha nugroha, pramila wonten ing siang punika panjenengan kula saged nuhoni panyuwunipun bapa Iriyanta sakulawarga, ingkang kinen paring donga pamuji saha panjurung pangestu, anggenipun bapa Iriyanta kepareng badhe ngijab-qobulaken putra pawestrinipun, ingkang nama kusumaning ayu rara ...(nama penganten putri)...,

Ingkang badhe jinatukrama dening bagus ...(nama penganten kakung)..., atmaja putra bapa ...(nama bapa penganten kakung)...-Ibu ...(nama ibu penganten kakung)..., ingkang pidalem wonten ing Gambirejo, RT 07/13, Kadipiro, Banjarsari, Surakarta.
Salajengipun keparengna kula ngaturaken menggah lampah-lampahing tata cara pahargyan/pawiwahan* wonten ing siang punika. Minangka purwakaning tatacara pahargyan/pawiwahan* inggih menika Pambuka, salajengipun katindakaken tatacara pasrah panampi, sasampunipun tata cara pasrah panampi tumuli katindakaken tatacara ijab Qobul. Wondene tata cara salajengipun atur pambagya harja, tatacara ingkang pungkasan, Paripurnaning Pahargyan/Pawiwahan*.

Makaten para tamu, menggah lampah-lampahipun tatacara pahargyan/pawiwahan* prasaja wonten ing siang menika, mugi Gusti Ingkang Maha Kawasa tansah paring pangayoman. Dumateng para tamu, keparenga hanyekecakaken anggenipun lelenggahan ngantos paripurnaning pahargyan/pawiwahan* menika, nuwun.

PAMBUKA

Pasa sesepuh para pinisepuh, para tamu kakung saha putri ingkang satuhu kinurmatan, minangka pratanda purwakaning tatacara pahargyan wonten ing siang punika, mangga panjenengan kula dherekaken maos basmallah. Bismillahi rahmani rahim

PASRAH PANAMPI

Para tamu kakung saha putri ingkang satuhu kinurmatan. Tumapaking tata cara salajengipun inggih menika atur pasrah lamaran.kalajengaken panampi. Pasrahipun badhe penganten kakung kasarira dening bapa Tulung Prasetyo, S.Th, Jumenengipun bapa Tulung Prasetyo, S.Th, kapit bapa Bandi saha bapa Ihsan.

Wondene ingkang kasuwun hanampi pasrahing badhe penganten kakung inggih menika bapa Onto Karono. Jumenengipun bapa Maryadi kaapit bapa Resmansyahan saha bapa Abdul Kohar.

Katur dumateng par paraga ingkang piniji wekdal saha pandoyo wara kaaturaken. Sumangga

IJAB QOBUL**

Para tamu ingkang satuhu kinurmatan. Tumapaking tatacara salajengipun inggih punika Ijab Qobul, wondene ingkang kasuwun hamratitisaken lampahipun tatacara Ijab Qobul inggih punika bapa Muhammad Sugino, Menawi sampun satata samudayanipun wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

Para tamu ingkang satuhu bagya mulya, sampun paripurna tatacara ijab qobul. Dumateng petugas saking KUA Kecamatan Banjarsari, konduripun dherekaken wilujen, mugi tansah manggih rahayu.

Salajengipun mliginipun katur dumateng penganten kekalih, mugi-mugi Allah ngempalaken ingkang pisah saking kekalihipun, paring barokah dumateng kekalihipun saha ndadosaken anak turunipun langkung sae, saged mbikak lawange rahmad, dados sumberipun ilmu, saha hikmat, saha saged maringi raos aman dumateng para manungsa. (Makaten do’a rasulullah saw nalika ngijabaken putra putrini pun Fatimah Azzahra kaliyan Ali)

Para tamu kakung saha putri ingkang satuhu kinurmatan, sinambi nyrantos tumapakipun tatacara salajengipun, katur dumateng para tamu keparenga lelenggahan kanthi mardkaning penggalih sinambi ngrahapi pasugatan ingkang sampun kaaturaken. Nuwun.

PAMBAGYAHARJA
Para tamu kakung saha putri ingkang satuhu kinurmatan, ndungkap tumapaking tata cara salajengipun atur pambagya harja. Inggih awit saking bombonging penggalih, hawit nampi karawuhan panjenengan sadaya, bapa ...(nama bapa/ibu penganten putri)... mboten kuwawa matur piyambak, pramila ingkang menika kasuwun dumateng bapa Drs.Sumarno kinen ngaturaken menggah wigatosing pahargyan prasaja wonten ing siang punika Jumenengipun bapa Drs.Sumarno kaapit bapa Eko Susilo saha bapa Sukrisno, S.T. Dumateng bapa Drs.Sumarno wekdal saha pandaya wara kaaturaken. Sumangga.

PANUTUP
Para tamu kakung saha putri ingkang satuhu kinurmatan. Lampahing tata cara walimatul urusy wonten ing siang punika mbokmenawi sampun ndungkap paripurna. Ingkang punika dumateng bapa Abdul Kohar saha bapa Resmansyahaan kasuwun hanganthi penganten kakung, satata wonten sangajengipun kori pahargyan/pawiwahan* ingkang saperlu atur pakurmatan dumateng konduripun para tamu. Wondene ingkang hanganthi penganten putri Ibu Widayat saha ibu Resmansyahaan. Menawi sampun satata samudayanipun kasumanggaaken.

Salajengipun minangka pratanda paripurnanipun tatacara pahargyan wonten ing siang munika mangga panjenengan kula dherekaken maos hamdalah. Alhamdulilah....

Dumateng para tamu, kondoripun ndherekaken wilujeng mugi tansah pikanntuk pangayomaning Gusti Ingkang Maha Kawasa, kanthi sesanti, mugi rahayu ingkang sami pinanggih widodo nir ing sambikala.

Wondene kula ingkang hambiwarakaken menggah lampah-lampahing tata cara pahargyan wonten ing siang menika, nglenggana kathah kekirangan kawula, pramila nyuwun pangapunten.. Nuwun, matur nuwun. Billahi taufik wal hidayah, wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

* = kagunakake salah setunggal kemawon
** = kalebet tatacara, menawi kalaksanaaken sesarengan

LERES - LARAS - LARIS